【陕西电视台】文学巨匠枕书长眠 忠实风骨后人称颂
![]() |
Artikel iki bagéan saka Tutorial Wikipedia |
Kaca tutorial... |
百度 二、部门分工全国哲学社会科学规划办公室下设六个处,分工如下:规划处:负责拟定国家哲学社会科学研究中长期规划和年度计划;调整增补学科规划评审小组专家;拟定和发布国家社科基金年度项目课题指南;组织年度课题申报和评审立项;组织实施和管理国家社科基金重大项目(基础研究类、跨学科类)和委托研究项目。
Kaca ngarep |
Delengen uga... |
Sugeng Rawuh ing Tutorial Wikipedia. Tutorial iki ancasé kanggo naraguna kang wis maca sakilas bab Wikipedia liwat Kenal Wikipedia, lan siap miwiti. Sawisé maca rangkaian kaca iki, panjênêngan bakal nampa informasi dhasar lan kawruh kang diprêlokaké kanggo dadi Naraguna Wikipedia.
Sabên kaca bakal ngrêmbug bab fitur (fasilitas), bab software wiki, sawêtara pituduh bab style utawa gaya lan isi artikêl, informasi bab komunitas Wikipedia, utawa kawicaksanan lan konvènsi wigati jroning Wikipedia.
élingana yèn iki mung tutorial, dudu kaca kawicaksanan definitif utawa manual kang utuh. Yèn panjênêngan kêpéngin kang luwih rinci, jroning tutorial iki ana pranala (link) kang kahubung marang kaca Wikipedia liyané. Kaca kasêbut duwé informasi kang luwih rinci bab topik kang ana ing tutorial iki. Yèn panjênêngan kapéngin sinambi maca, manawa luwih bêcik mbukak pranala kasêbut ing jêndhéla (window) anyar.
Jroning tutorial iki uga ana pranala mênyang kothak wedhi, papan kanggo praktèk apa kang panjênêngan sinaoni. Ora bakal ana wong kang muring-muring yèn panjênêngan migunakaké kothak wedhi minangka wahana èkspèrimen, dadi aja kuwatir, dilakoni waé lan pirsani apa kasilé.
Cathetan: Tutorial iki ngasumsèkaké panjênêngan migunakaké layout (skin) kaca default. Yèn panjênêngan mlebu log (log in) lan wis ngrubah prèfèrènsi naraguna, panggonan pranala ing layar manawa bisa béda.
Panjenengan wis siap?, Ayo miwiti!